h1

Niat Ingsun Ngaji

Mei 5, 2009

Sing jeneg ngaji iku nular kaweruh, belajar kapinteran agomo islam sing mungguhe gusti ALLAH SWT lan utusane gusti ALLAH SWT. Yoiku agomo kang cocok karo dawuhe Qur’ane gusti ALLAH SWT lan Hadise utusanse Gusti ALLAH SWT.
kang ketoto poro sohabate utusane gusti ALLAH lan tabi’in-tabi’ihim, ulama salaf, kang ngumpulake lima (5) perkoro diteqodaken ono ing dalem ati, di ucapake ono ing lisan, ditandangi nganggo badan, rupine : 1- maca sayahadat loro, 2- sholat lima wektu ingdalem sedino sewengi kelawan netepi syarat rukune 3- zakat fitraoh kelawan netepi syarat rukune 4- puwoso wulan romadhon kelawan etepi syarat rukune 5- haji maring baitulloh kelawan netepi syarat rukune.
Agomo islam mau penggaweane wong ngenger maring gusti ALLAH ST, kito puto wayah adan rumongso ngenger rumongso dadi kawolu. Dengere yen kito rumongso ngenger dadi kawulo, krono kito rumongso digawe, rumongso dicukupi. Yo iku didadeake ono ing wetenge biyunge, dibabarake, diparingi rizki poan saka biyunge. mundak-mundak gede manggon ono ing bumine gusti ALLAH SWT, mangan panganane gusti ALLAH SWT, ngombe banyune gusti ALLAH SWT, nyandang sandangane gusti ALLAH SWT, ngalap padang srengenge, rembulan, lintang lan liya-liyane kabeh kagungane gusti ALLAH SWT.

2 komentar

  1. Ngaji ya angka sanga karo siji


  2. Mang bener mas… emang ngaji tuk angka siji nek wis bisa kari selanjute… kan gitu……………..!!!



Tinggalkan sebuah Komentar